Rabu, 19 Maret 2014

Kejahatan iku guduk gara-gara onok niat teko pelakune, tapi gara-gara onok kesempatan, waskito.. waskito! (jare bang Paimo)

1. lek awakmu wedok gowoen tasmu ati-ati, lek isok kempiten nang kelekmu, soale copet roto-roto gak seneng mambu kelek seng basin !

2. lek awakmu lanang pastino dompetmu onok nang sakmu, soale lek wes ono nang sak'e wong liyo berarti kon wes Kecopetan !

3. gaween bingung copet'e carane gowoen duekmu bagien nang kabeh sakmu !

4. Pastino kon gak tau nggowo duek, wes pasti kon gak bakal di copet, yo soale gak onok sing isok dicopet COK !

5. lek kon nggowo duek, pastino dompet utowo tasmu onok lapisan seng, soale copet gak bakal isok nyilet dompet utowo tasmu !

6. Selipno duekmu nang tengah belanjoan iwak asinmu, soale copet gak seneng mambu iwak asin, kecuali kucing !

7. lek kon nggowo duek akeh, mending didekek nang plastik bening trus dikalungno nang gulumu. wes pasti gak bakal dicopet, paling mek dirampok tok !

8. lek wes yakin ketemu copet, jak'en wonge mangan bareng karo kon nang restoran trus ke'ono sangu, kon gak bakal dicopet, tapi mek dikiro gendeng karo copet'e !

9. lek kepekso kon kudu belanjo, pastino bareng rombongan trus pilihen panggon nang tengah, wes pasti kon gak bakal kecopetan, tapi mboh maneh koncomu seng nang paling pinggir !

10. Tips sing paling jitu yoiku. pastino kon gak usah lungo nang ndi-ndi, wes pasti koen gak bakal kecopetan !


*waktu iku Paimo lagi nang Dokter, de'e katene konsultasi soale duwe masalah BAB (Buang Aek Badek)*

- Dokter : selamat siang !
+ Paimo : siang dok !
- Dokter : ono seng iso diewangi ?
+ Paimo : ngene dok, aku katene konsultasi nang sampean soale aku duwe masalah BAB !
- Dokter : oalah, emang keluhan'e opo mas ?
+ Paimo : aku lek ngeseng mesti rutin jam 6 isuk dok !
- Dokter : loh iku kan apik soale iso rutin sakben isuk, trus masalahe opo mas ?
+ Paimo : masalahe dok, aku lek tangi turu mesti rutin jam 8 isuk !
- Dokter : JANCOK Gatelisasi ! iku berarti silitmu kudu disogrok tugu pahlawan -___-"